Literasi: IMELDA MEIDINAR RAHMA (XI-3/15)
Dikta & Hukum
(Karya Dhia'an Farah)
Ing halaman kapisan, dicawisake prolog carita. Prolog kasebut nyaritakake ngenani tokoh Dikta kang emosi sarta frustasi amarga mobil milike ringsek benturan karo montor duwene Nadhira kang arep ditokake saka bagasi. Nadhira kang ngrasa salah uga njajal kanggo nyuwun pangapura marang Dikta lan mbujuk kanggo mlebu menyang jroning omah supaya amarahe redha.
Wektu dheweke kabeh mlebu menyang jroning omah, dheweke wis meruhi yen bundane Nadhira lan mamane Dikta lagi padha kandha. Weruh prastawa iku, Nadhira langsung menehi kodhe supaya Dikta ora ngadhu marang bundane amarga mesthi bundane bakalan nylathu. Dikta kang isih ngrasa emosi katon prengat-prengut marang Nadhira lan lunga menyang sofa ruwang TV sinambi ndeleng sinis marang Nadhira kang lagi cengar-cengir.
No comments:
Post a Comment