1/17/25

Ciao, Italia!

Literasi : Nasywa Nur Alya Putri

Ciao, Italia!

Karya : Mary Christina Elsa

Suara langkah kaki nyaring keprungu nalika Katie nggawa koper birune ing bandara. Dheweke terus nyawang ponsel, nunggu kabar saka Avory. Sawise nampa pesen yen Avory wis nungggu ing lawang kedhatangan, Katie langsung mempercepat langkah amarga pancen wis kangen banget karo Avory. Katie kelingan kebawelan lan gaya unik Avory nalika njupuk foto. Avory nyambut Katie kanthi semangat, lan Katie nyritakake pengalamane nalika lunga menyang Korea. Katie ngrumangsani yen Avory bakal seneng yen bisa melu, amarga akeh panggonan apik kanggo foto. Avory ngeluh amarga kudu nggawa tugas saka Mr. Philip sing akeh banget, dadi ora bisa melu lelungan. Katie mung bisa ngguyu, ngerti yen Avory sing ora disiplin ngerjakake tugase, sing nyebabake dheweke ora bisa lunga.

No comments:

Post a Comment

HARRY POTTER AND THE CURSED CHILD