1/17/25

Literasi: Galuh Naura (13) XI-3 - The Story Explorer | Bersama Selamanya

Galuh Naura (13) XI-3

Bersama Selamanya

Karya: Balqis Srikandi Wiryawan

Cerita iki ngandhani babagan Silva Olivia sing dituduh nyolong dhuwit dening kancane, Lia, sawise ana foto sing mirip karo dheweke nyebar ning sekolah. Lia nuduhake foto kuwi lan nyalahke Silva, nanging Silva nolak tuduhan kuwi. Silva banjur nampa surat misterius saka wong sing ngerti masalahe lan ngongkon Silva mbales surat e kathi ndeleh ning loker e. Surat misterius janji bakal mbantu. Silva mbales surat kuwi, ngarep-arep bisa entuk pitunjuk luwih lanjut.

Nalika wektu istirahat, Silva ndeleng Lia bareng kanca-kancane, kalebu Helga sing saiki dadi mungsuhe. Silva nekad nyelidiki kasus foto palsu kuwi lan miwiti nggoleki kanthi takon marang Gita, mantan sahabat e Helga. Gita pungkasane ngungkapake manawa foto kuwi sejatine yaiku awake dhewe, sing dipaksa dening Helga kanggo kerja sama nggawe bukti palsu supaya Silva dituduh nyolong. Gita nyesel, nanging Silva negesake manawa dheweke butuh bukti kanggo mbenerake jenenge saka tuduhan kuwi. Silva banjur tekad kanggo mbuktekne ketidak bersalahane nganggo bantuane Gita.



No comments:

Post a Comment

HARRY POTTER AND THE CURSED CHILD